Duh Nimas mustika ning wang.
Kan ngujiwat maweh reseping ati.
Tetulungo raga ingsun kang ketanam asmara.. Esemiro nyirnake lungkrah lan lesu. Ngilangke rasa kang samar. Tresnaku sundul wiyati. Nga lam-lami ngujiwati yen anggeget lathi ajinjit alise. Sak solah bawane lencir kuning neng semake. Sinawang yen ngujiwat, pamikir tan kuwat kaya arep nekat. Suwe-suwe tamat prasasat arep nggayuh jimat. Yen tengah wengi pangrasaku kaya wis sumandhing. Aduh wong kuning, liringe nitra kang wening. Amung tansah tak laleke nanging trus eling, nanging trus eling. Wekasan peputonku upomo sekar ojo nganti layu. Kanggo cecudhukku aduh Nimas mustikaku.

Citp: Ki Narto Sabdo.
--------------------------------------------------------------
Ovi Mail: Making email access easy
http://mail.ovi.com
Diposting oleh Elang Abd...

0 komentar:

Visit the Site
MARVEL and SPIDER-MAN: TM & 2007 Marvel Characters, Inc. Motion Picture © 2007 Columbia Pictures Industries, Inc. All Rights Reserved. 2007 Sony Pictures Digital Inc. All rights reserved. blogger templates